DRAMA KOMEDI " TOBATNYA PREMAN SEKOLAH "
NAMA ANGGOTA KELOMPOK :
1. ANDREAN PRIBADI (04)
2. DYAH ARUM PUSPITANINGTYAS (08)
3. FILDA ELFIANI (11)
4. M. FAHIMUL ASRAR (16)
5. MAHFUD SALAM (18)
6. MELANI MARTA RIZQIA (19)
7. MOCHAMAD FAISAL AULIA (22)
8. NINA AYU KURNIAWATI (29)
Tema : Bolo Konco
Judul : Tobate Preman Sekolah
Penokohan :
1. Andrean : Been Joat
2. Mahfud : Fuad
3. Melani : Resi N. G.
4. Fahim : Tom E. L.
5. Dyah : Itha H.
6. Nina : Inay N. U
7. Faisal : Pak Cool
8. Filda : Devi L.
Isuk-isuk 3 preman sekolah ngenteni bocah loro GO ing jero kelas karo masang potone bocah sing arep di target bully ing papan tulis. 3 perman kui jenenge Resi, Been Joa , lan fuad. Cah 3 kui seneng gawe rusuh nek sekolahan. nek ngarep lawang kelas, saben bocah sing arep mlebu kelas kudu mbayar duwit nyang nggone Resi,Been lan Fuad, lek gak pingin di pukul karo bocah telu iku mau. Soko adoh, enek bocah loro anak pejabat dhuwur sing polos mlaku menyang
kelas. Bocah iku yaiku itha lan tom. Fuad, Been joat lan Resi wes ngenteni bocah kuwi ket mau.
BABAK I : ing kelas
Been joat : “heyy! piye kabare para pejabat cilik?” ( menghadang bocah loro kuwi )
kesusu ye ? Nyapo kesusu santai ae rek. ( ngerangkul Tom ). Awake dewe dolan- dolanan disik ae bener gak Ad?”
Fuad : “bener kuwi. mergane bel mlebu kan sek suwi.”
Resi : “yoo kuwi, sing di omongne Been Joat kuwi bener. Awak mu kudu melu perintahe adewe cah telu. Okeeee? Krungu kuwi?” ( ngedeni nek sandeng kupinge Tom)
Tom :” nyapo iki ? nyapo sampean hadang mlaku ku lan Itha?”
Fuad : “gaya-gaya ra ngerti opo pancen awakmu ra ngerti yoo? Ikino daerah kita cah telu. awakmu tas teko kudu mbayar pajak nyang mae adewe cah telu.”
Itha : “soko ngendi enek aturan koyok ngene iki? i... iki kan sekolah gak enek pajake. emang sampean dewe gak entok sangu soko wong tua mu ye?” ( karo nyakot drijine )
Tom : “ho’oh bener kuwi.”
Been joat : “ohh pancen bocah rodok suloyo. Awak mu ki nantang aku yee? Lek di kongkon mbayar yo mbayar . ra usah kakehan omong, engko tak pukul lo.”
Resi lan Fuad : “ayo bos, pukul bos pukul.”
Itha : “a..aku gak ndue maksud naa...nantang sampean kok. ta..tapi ndek sekolah iki kan gak enek aturan koyok ngono kuwi.” ( ndingkluk keweden)
Fuad : “dasar bocah GO. Wani-wanine awakmu ngomong ngono kuwi nek ngarepe awake dewe.?”
Resi : “awak mu cah loro ki pengen mlebu kelas gaak?. leg gelem mlebu bayar disek nek aku!” ( karo nyekel pundake Tom lan Itha )
Been joat : “heyyy .nyapo meneng? endi duit mu?”
Tom : ( ngetokake duit 10 ewu soko njero sakune ) “i..iki duite. saiki adewe iso mlebu to?”
Itha : “i..iyo saiki adewe iso mlebu to?”
Been joat : “ piye to piye, ugonglah awak mu iso nyawang duit iki to ? ( ngibasne duit nek ngarepe itha lan tom ) iki jek kurang di ngge adewe cah telu.”
Fuad : “iyo betul kuwi duit 10 ewu mek iso di ngge tuku pentol. lha duwek mangane? Awakmu kan anak pejabat, duwekmu kan mesti punjul soko 100 ewu? 10 ewu kuraanggg.”
Itha : “i....iyo! iki duwet sing kok jalok!” (ngetokne duwet 100 ewu soko kantonge)
Resi :(njukok duwet 100 ewu kuwi sak cepete soko tangane itha) “iki baru jenenge duwet. Hahahahaha iki waktune kanggo pesta.”
Pas Been joat,Fuad,lan Resi jek demen-demene nipu tom lan itha ujuk-ujuk enek bocah wadon lan kancane seng nyawang prilakune preman sekolah menyang Tom lan Itha. Bocah wadon kuwi jenenge Devi lan kancane sing jenenge Inay, Devi yaiku siswi siji-sijine sing diwedeni lan dikagumi karo Been joat. Saben nek ngarepe Devi, Been joat blas ora iso mbantah.
Devi : “ono opo iki? Ojo ngomong cah telu iki nggawe rusuh!” (karo njudeng Been joat, Fuad, lan Resi)
Tom : “anu dev....cae ...”(durung mari ngomong)
Been joat , Resi lan Fuad : ( mentelengi Tom )
Inay : “iyo Tom cae nyapo ? cah telu iki majak sampean eneh ?” ( rupa nesu )
Itha : “i..iyo Nay.” (ndingkluk wedi)
Devi : “eh! Cah telu iki jane nyapo to? Kok mesti nggawe rusuh ndek sekolah iki! Opo awakmu nganggep lek awakmu iki hebat?”
Been joat :(mek meneng tok)
Devi : “awakmu ki nyapo?nyapo awakmu kok gak ngomong? Awakmu ki ket mbiyen ngenggep lek awakmu ki paleng jago,hebat, keren to? Endi sak iki buktekno? Ojo mek gor meneng ae koyok patong!”
Fuad : “ayo to bos ngomongo! De’e wes kurang ajar karo awake dewe cah telu”(mbisiki Been joat)
Resi : “iyo bos, omong-omongane wes nggawe adewe isin.”
Tom : “wes to Dev mandeko ae, aku lan Itha wes biasa dikonokne karo cah telu kuwi”
Itha : “iyo Dev, Tom bener! Aku ora opo-opo Dev, aku ikhlas kok ngekekne duwet kuwi senajan bocahe lek njalok mekso.”
Fuad :(njongkokne Itha nganthi tibo) “eh cah GO, ra usah mbelani aku, ra usah munafik.”
Devi :(nulung Itha) “eh awakmu! Kelakuanmu wes kelewatan. Endi duwite Itha, kene balekno! (ngrampas duwek kuwi ko tangane Resi) Itha lan Tom terlalu apik mbok perlakokne koyo ngunu kuwi. De’e gak nduwe salah opo-opo.”
Fuad :(melotot karo nunjuk Devi) “awakmuuuuuuuu!”
Devi : “nyapo? awakmu cah loro ki arepe nyapo? heee?”
Been joat : “wes to, bene cah kuwi mlebu!” (ngejak koncone loro kuwi ngaleh)
Itha lan tom : “o....opo? tumben men! Wow... ora koyok biasane.”
Inay : “ayo awake dewe mlebu kelas?” (ngejak Itha, Tom, lan Devi)
Fuad : “awakmu ki nyapo? ngejarne bocah kuwi mlebu sak wise ngisin-ngisini awake dewe? Iki aneh!”
Resi : “awakmu gak loro to Joat?” (karo nyekel sirahe Been Joat)
Been joat : “ah? Cah loro iki gak usah kakehan takok! Aku iki gak nyapo-nyapo ,aku iki sehat, ayo mlebu. Bel mlebu wes muni! Engko ngaso enek sing arep tak critakne nyang mah mu.”(karo nyurung sirahe Resi lan Fuad)
Ndek njero kelas
Pak Cool : “assalamu’alaikum murid-murid!”
Murid-murid : “wa’alaikum salam pak Cool!”
Pak Cool : “cah… ngge ngisi tugas praktik mata pelajaran Basa Jawa, sampean tak ke’i tugas nggawe drama.”
Been joat : “dramane kelompok nopo mboten pak?”
Pak Cool : “yo kelompoklah le… mosok awakmu arepe omong-omongan dewe!”
Itha : “pak, kelompoke njenengan bagi sak niki mawon!”
Pak Cool : “yo, tak bagi sak iki!”
Babak II, dikantin.
Bel ngaso wes muni, bocah-bocah bareng-bareng menyang kantin. Lan telu preman sekolah kuwi seneng-seneng ngombe lan mangan seng enek ndek kantin sekolah.
Fuad : “oh iyo Been mau enek sing arep mbok ceritakne nyang awake dewe!”
Resi : “ betul! Ayo cepetan critoo mas bro. Aku siap ngrungokake kegalauanmu, hahaha.”
Been joat : “haha kurang ajar kowe Res,(karo nyekel pundake Resi). Ngene lo Res sakjane aku wes suwi seNeng karo gadis kuwi. Aku seneng tingkah lakune, gor cah kuwi bocah sing wani nantang aku . crewete, mripate, tegese lan kewaniane gawe aku tresno asih marang cae. aku seneng karo cae, ohhh Devii.”
Fuad : “oooopppppoooooo?”
Resi : “whaaaaaatttt ??”
Fuad : “gak nyongko preman koyok awak mu iki iso tresno mbarang . hahahahah”
Resi : “yahh .! Been Joat iki tibake sing gawe awakmu mau koyok wong kaku pas gadis iku mbelo bocah loro GO kuwi. pantes ae. hahahah”
Been joat : “cah iki no nyapo to? bukane mbantu. aku kudu piye ? gadis iki wes kadong anyel karo adewe. koyoke bagi ku iku nggak mungkin.”
Fuad : “AAAHHHHAAA! aku ndue ide. piye lek saumpama adewe manfaatne cah GO loro ben iso cedek karo Devi .?”
Resi : “maksud mu? opo hubungane?”
Fuad : “cah loro GO kuwi kan cedek karo Devi.cah loro kuwi ben golek informasi opo sing di senengi Devi lan ora di senengi Devi. Piye lek ngono ?”
Resi lan Been : “heeemmmmm sedelapan .!”
Been joad : “ide sing apik, ndengaren otak mu encer.”
Fuad : “iyo. sopo disek no! Aliando Syarap. vampir sing terkenal iku.” ( karo nerokne gayane vampir )
Resi : “eh mandek, deloken kae! Kae kan cah GO, ayo diparani!” (marani Tom lan Resi sing enek ndek kantin)
Been joat : “heh cah GO! (karo nggebrek mejo) urusanmu karo aku durung mari, ojo ngiro aku ora bakal mbales perlakuanmu menyang aku.”
Itha : “..ono opo? Nyapo awakmu mesti ngganggu adewe?”
Tom : “iyo ono opo? Perlakuan opo maksudmu? Adewe kan gak tau ngganggu awakmu.”
Itha : “iyo, kardekno aku mau gor mbelo awakmu ndek ngarepe Devi.”
Been joat : “eh..menengo lambemu! Pokoke awakmu cah loro kudu ngetotne perintahku.”
Tom : “emange sampean njalok opo?”
Itha : “iyo, sampean njalok opo? Ojo ngeden-ngedeni adewe koyok ngunu kuwi!”
Resi : “eh..cah GO sing lucu! Awakmu pengen eroh to?”
Itha : “iyo, omongo ae lek aku sanggop nglakoni perintah kuwi tak ewangi!”
Fuad : “pengen eroh ae opo pengen eroh banget, hahaha.”
Been joat :“okeee, eh cah GO, reneo!” (karo nunjuk Tom)
Tom : “ya, nyapo sampean?”
Been joat : “awakmu cedek to karo Devi?”
Tom : “iyo...?”
Been joat : “lan awakmu cah GO, awakmu yo cedek to karo Devi?”
Itha : “iyo, Devi kuwi kancaku, de’e mesti ngewangi aku pas susah!”
Been joat : “oke apiklah, sing arep tak perintahne menyang awakmu cah loro, ewangono aku nyedeki Devi! Ewangono aku nggolek opo sing disenengi Devi lan ora disenengi Devi.”
Itha lan tom : “opooo? Sampean seneng karo Devi?”
Resi : “eh nyapo awakmu cah loro? Sak liane GO tibakno awakmu yo kompak ngomonge yo, hahaha.. lucu kuwi lucu.”
Fuad : “nyapo? awakmu bingung ye lek Been Joat seneng karo Devi? Aku ae bingung, hahaha awakmu arepe nyapo? kabotan? Hahaha?”
Itha lan tom : “o…o…ora kok.” (ndingkluk)
Fuad : “apiklah lek ngono, awakmu kan wes ngerti opo sing kudu kok lakokni! Ojo sampek rencana iki gagal!”
Been joat : “oiyo siji eneh, awas lek awakmu ngelek-ngelek aku ndek ngarepe Devi! Aku gak segan-segan ngisin-ngisini awakmu! Awakmu paham kuwi?” (karo nyekel klambine Tom)
Ujuk-ujuk Devi teko.
Devi : “ya allah awakmu eneh! Awakmu kuwi gak tau kapok ye ngibuli kancaku loro iki! Emange awakmu dendam ye karo kancaku? Ketoke awakmu ki seneng njaraki kancaku! Ohh aku ngerti, opo palingo awakmu sirik ye! Mergo de’e kuwi murid terpinter ndek sekolah iki, ora koyok awakmu sing bodho lan nakal...!”
Been joat : “ora kok Dev, aku mek ngrapekne klambine Tom, aku ora ngganggu cah loro kuwi kok, iyo kan Tom?”
Tom : “I...yo Dev, been joat lan kanca-kancane ora ngganggu awake dewe kok, de’e mek ngrapekne klambiku tok.”
Devi : “wi tenanan ye Tha? Cah telu kuwi ora ngganggu awakmu eneh to?”
Itha : “iyo Dev, ora kok!”
Devi : “oke, apik lek no, oiyo aku meh lali sak jane aku rene mek arep ngomongi, engko muleh sekolah awakmu kabeh nyang mahku. Nggawe naskah tugas drama sing tak karepke ojo enek sing telat! Lan gawe awakmu cah telu ojo nggawe rusuh ndek mahku engko.”
Fuad lan resi : “siaap nonaaa!” (karo hormat)
Devi : “lek ngono aku tak mlebu kelas disek ya!”
Fuad lan resi : “oke nonaaaa!”
Been joat : “eh awakmu, ojo lali perintahku mau! Awas lek awakmu lali!” (sokor ngaleh)
Tom : “tha piye iki? Adewe kudu nglakoni opo? Aku wedi!”
Itha : “tenang Tom, Been joat mek ngongkon adewe nggoleki seng disenengi lan ora disenengi Devi, kabeh kuwi kan wes nggenah adewe eroh, tugase awake dewe mek ngomongi Been joat tok.”
Tom : “terus nyapo awakmu mau gak ngomong ae.”
Itha : “opo iso, kan Devi ujuk-ujuk teko, pantes ae sikape Been joat mesti apik-apik ndek ngarepe Devi, tibake de’e seneng.”
Tom : “iyo, tapi aku gak yakin lek Devi seng karo bocahe, de’e kan nakal lan bodho pisan!”
Itha : “ojo ngomong koyok ngono, mben uwong iku iso berubah watake kok!”
Tom : “iyo-iyo, dari pada awake dewe mbahas kuwi, awake dewe mbalek nyang kelas!”
Babak III
Bel muleh sekolah muni, Been Joat,Fuad,lan Resi diap-siap menyang omahe Devi, lan Tom lan Itha budal bareng menyang omahe Devi, lan ndek ndalan Been Joat gak enek entek-enteke njaraki Tom lan Itha ben diomongi opone seng enek kaitane karo Devi.
Resi : “heh cah loro GO! Ndang rapekno tasmu kuwi! Awake dewe budal bareng-bareng menyang omahe Devi, mergane adewe ora eruh omahe Devi!”
Itha : “iyo sabar to res! Bel sekolah kan jek tas ae muni.”
Resi : “emange nyapo, iku lek urusanmu karo keluargamu to!”
Fuad : “hoy, cepetan to, Been Joat wes ngenteni ndek ngarep kelas.”
Tom : “iyo..iyo iki yo uwes mari, ayo awake dewe budal.” (bareng-bareng ninggalne kelas)
Been joat : “awakmu iki suwi men to, koyok awakmu ki penting! Lek ora ngge Devi, adewe cah telu ora bakal gelem budal karo awakmu.”
Resi lan Tom : “yo mas bro!”
Been joat : “piye! Awakmu wes entok informasi tentang Devi?”
Tom : “iyo uwes! Takok’o ae mae itha, de’e seng luwih ngerti tentang Devi ketimbang aku!”
Been joat : “eh cah kurang duwur! Ndang ngomongo opo ae seng mbok ngerteni tentang koncomu kuwi! Awas lek awakmu ngapusi!”
Itha : “sing tak ngerteni Devi iku seneng karo bocah seng pinter,apikan,lan beriman. Lan de’e enggak demen karo bocah lanang sing nakal,bodho,kasar, lan kurang ajar”.
Fuad : “wah.. awakmu nyinggung been joat to?”
Resi : “woh cah GO mulai kurang ajar been.”
Been joat : “eh.. awakmu nyinggung aku to?”
Itha : “enggak, sing tak omongne iku bener! Aku enggak nyinggung sampean.”
Tom : “hhsstt uwes, Devi wes ngenteni ndek ngarep omah kae lo.” (karo nunjuk Devi)
Devi : “hey.. akhire awakmu teko, ayo mlebu! Eh eling digawe cah telu kuwi, ojo nggawe rusuh !”
Resi lan Fuad : “siaap nonaaaa!”
Devi : “siap nona..siap nona, mek gur kuwi sing mesti mbok onekne!” (karo nutup kuping)
Itha : “lha Inay endi Dev, urong teko ye?”
Devi : “during, Inay nggak iso kelompok, bocahe nginguk dulure sing loro!”
Itha : “O……….”
Kabeh lingguh lan ngerjakne naskah drama, tapi ujuk-ujuk been joat sing gak iso mendem perasaane, ngewanekne ngungkapne cinta menyang Devi pas bocah-bocah podo serius nulis naskah drama.
Been joat : “Dev…..!”
Devi : “hhmmm ono opo? Awakmu njaluk opo maneh? Awakmu gak nyawang adewe sinau! Gak usah kakehan omong!”
Been joat : “Dev. Rungokno aku dusek!”
Devi : “awakmu omong ae, aku iso ngrungokne kok!”
Been joat : “Devi?” (rodok ndredek)
Devi : “hey… awakmu iki nyapo? Lek pengen ngomong, ngomong ae gak usah nyelok-nyelok jenengku. Awakmu ngganggu konsentrasiku sinau. Wes to menengo ae ndek kono lek ora iso ngewangi!”
Been joat : “aku seneng karo awakmu!” (karo ndingkluk)
Fuad,resi,itha, lan tom : “HAAAA………!” (langsung nyawang been joat)
Devi : “opo? Opo sing mbok omongne jek tasan? Awakmu seneng karo aku? Hahaha gak usah guyon-guyon disek! Kuwi gak lucu!”
Fuad lan resi : “de’e kuwi serius nonaaa!”
Tom lan itha : “rong (2) serius malah!”
Devi : “hey..awakmu iki nyapo to? Ojo ngomong sing enggak-enggak.”
Been joat : “aku enggak ngapusi, sing diomongne kuwi mau bener! Aku ora guyon.”
Devi : “opo? Awakmu gak mikir disek sak durunge ngomong kuwi mau! Iku salah?”
Tom,resi,fuad,lan itha : “enggak salah mas broo.” (karo mangap)
Devi : “kabeh kuwi emang enggak salah, iku hakmu nyenengi sopo ae! Tapi aku njalok sepuro, aku enggak iso been, sikapmu gak berpendidikan, lan aku ora seneng kuwi kabeh! Aku njalok awakmu iso ngerteni aku!” (negasne)
Been joat : “iyo, aku sadar kabeh kuwi! Tapi aku arep mbuktekne sok aku iso berubah, aku iso dadi bocah sing iso nyenengne wong-wong sing ndek sekitarku, simpen kata-kataku iku.” (negesne)
To,fuad,resi,lan itha : “aaamiiiiiiiiiiin mas bro.”
Devi : “oke.. sepurane lek kata-kataku mau nyinggung perasaanmu. Tapi aku gak bermaksud opo-opo. Lagekno adewe isek enom digawe ngenal rasa cinta,kabeh iku terlalu cepet. Aku gor ngarepke awakmu iso berubah dadi luwih apik, nglanjutne pendidikan luwih duwur sampek iso nggapai cita-citamu.”
Been joat : “iyo devgak opo-opo, aku sadar, kabeh kuwi emang pantes tak trimo. Kata-katamu kuwi sebanding karo kelakuanku. Sak suwene iki nyang awakmu kabeh, aku njalok sepuro yo.”
Devi : “iyo been, aku wes ngapuro awakmu, aku yo njalok sepuro karo kata-kataku mau.”
Fuad : “wah..mas bro, lagek iki mau aku eroh sampean tegas lek ngomong.”
Resi : “Been, aku terharu.”
Tom lan itha : “ooooooohh sooooooooosweeeeeeet!”
Been joat : “oiyo aku meh lali, aku njalok sepuro yo tom (nyalimi tangane tom) awakmu barang tha, aku njalok sepuro (karo nyalimi tangane itha) aku suwene iki wes salah karo awakmu.”
Tom : “iyo… nyantai ae!”
Itha : “iyo wan, aku wes ngapurani ket mbiyen!”
Been joat : “EH.. awakmu cah loro, nyapo gor ngadek ndek kono, ayo cepet njalok sepuro nyang tom,resi lan devi.” (karo narik tangane resi lan fuad)
Resi : “oiyo mas bro, aku sampek lali, dev,tha,tom aku njsalok sepuro ya?” (nyalimi tangane cah telu)
Iyo : “aku yo njalok sepuro karo awakmu cah telu, rasane aku wes nduwe salah akeh.”
Devi,tom,lan itha : “oke mas bro. hahaha adeqe ngapurani awakmu!”
Itha : “tenang-tenang, mulai dino iki adewe konconan to?”
Devi : “iyo mesti no!”
Been,resi, lan fuad : “dadi, awakmu gelem nrimo adewe dadi konco!”
Tom : “iyo, nyapo enggak?”
Devi lan itha : “ciiiiieeeeeeeee, tobate preman sekolah.” (ngeyek)
Been joat,fuad, lan resi : “hahaha……….”
Fuad : “sing mbiyen bene mbiyen, adewe kudu noto urip ben iso dadi pribadi sing apik neg ngarepe, SEMANGAT !”
Devi,been joat,itha ,tom, resi : “SEMANGAT !!”
Fuad : “bener ora ?”
Devi,been joat,itha ,tom, resi : “bener …..”
Fuad : “ALHAMDU……..?”
Devi,been joat,itha ,tom, resi : “LILLAH . hahahahahah”
Resi : “awak mu ki enek enek ae to ad ?”
Been joad : “uwes to , mulai dino iki adewe cah telu arep ngrubah sifat preman adewe , iyo to res , ad .?”
Resi : “iyo , sing di omongne been joad pener , mulai dino iki adewe arep berubah dadi siswa sing luweh apik .”
Fuad : “iyo !!. adewe cah telu uwes sadar , lan mulai dino iki preman sekolah wes gak enek neh! Hahahaha.”
Devi : “syukurlah lek awakmu gelem sadar , aku seneng ngrungake kuwi kabeh .”
Itha : “yah, adewe yo pasti arep ngewangi ben iso berubah.”
Tom : “pastine”.
Been,resi, lan fuad : “matur suwun cah! Awakmu emang apikan!”
Devi,itha, lan tom : “sami-sami, kuwilah gunane konco.”
Akhire bar kejadian kui , been joat,resy, lan fuad sing mbiyene preman sekolah,
Saiki dadi bocah sing mbanggakne, saiki cah telu kui yo wes berprilaku apik nyang mae konco-konco lan guru-guru ndek sekolah.cah enem kuwi pun dadi konco sing cedek, lan sak wise Devi,Been,Itha,Resi,Fuad, lanTom wes ninggalne bangku MTs. Cah enen kuwi nglanjutne pendidikan dhewe-dhewe, podo karo sing dikarepke enek sing ndek prancis,London,singapura,jepang,swees,korea, lan belanda. Tapi komunikasi cah enem ora tau pedhot sampek sak iki. Cah enem kuwi iso urip rukun, senajan sak durunge enek pertentangan antara cah enem kuwi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar